Minggu, 21 Januari 2018

GETSEMANE ~sesaat, Tuhan pun diam~



Gusti Jesus banjur rawuh maneh ing panggonane para sekabat, sing padha kadhawuhan ngrewangi melek. Sekabat mau satemene ora bisa nyaosi pitulungan apa-apa, nanging katresnane wis bisa gawe lejaring galihe. Sarawuhe ing kono, sekabat telu mau padha keturon maneh, jalaran mripate mbliyut, awake sayah, atine sedhih tur ora mudheng apa sing njalari Gustine nandhang sungkawa lan giris.

Sekabat mau banjur ditilar maneh ndedonga kaping telune. Saking bangete enggone nandhang giris, lan saking bantere enggone mbatek ing pandonga, riwene dleweran nganti kaya tetesing getih rumentah ing bumi. Sakehing siksa lan sangsara kang bakal tumempuh ing sarirane iku umpamane kaya dene wisa sing diwadhahi tuwung, kacaosake marang Gusti Jesus supaya kaunjuka. Mula ature ing pandonga, "Menawi kepareng, Tuwan mugi nyingkiraken tuwung punika saking kawula. Ewadene, sanajana banget enggone kapetek ing sungkawa lan giris, Panjenengane isih kuwawi munjuk,"Semanten ugi sampun ngantos sakajeng kawula, namunga ing sakarsa Tuwan." Gusti Jesus pasrah jiwangga marang Allah Sang Rama ing swarga.

Dumakan ana pepadhang cumlorot ing celake Gusti Jesus, malaekat saka ing swarga kautus nyantosakake galihe. Wusanane Gusti klawan tatag munjuk marang Sang Rama, "Namung karsa Tuwan kalampahana."

(Menyadur buku Babad_Saka_Kitab_Sutji hlm. 127 - 128). Hening, larut dalam keindahan bahasa dan kedalaman makna. Buku terbit 1960
 — feeling burn out.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar